Jumat, 13 Maret 2015

Jenis tembung



Jinise tembung: 
1.      tembung aran (kata benda) = tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa wae kang kaanggep barang.
tuladha = kapur, meja, omah, gunung, lsp
2.      tembung kriya (kata kerja) = tembung kang mratelakake solah bawa utawi tandang gawe.
Tuladha: nandur, macul, mbalang, njupuk, lsp
3.      Tembung sifat (kata sifat) / tembung kaanan = tembung kang mratelakake watak utawa kahanan sawijining barang/bab.
Tuladha: bagus, dhuwur, tentrem, ayu, bunder, lsp
4.      Tembung katrangan (kt. Keterangan) = tembung kang aweh katrangan marang tembung liya.
Tuladha: mung, meh, padha, sok-sok, lsp
5.      Tembung sesulih (kt ganti) = tembung kang digunakaken minangka sesulih wong, barang, utawa apa wae kang dianggep barang.
Tuladha: kowe, dheweke, ku, mu, iki, kuwi, sapa, ngapa, sing, kang, lsp
6.      Tembung wilangan (kt bilangan) =tembung kang mratelakake gunggunge barang
Tuladha: satus, sithik, setundhun, sarakit, pirang-pirang, lsp
7.      Tembung panggandheng (kt sambung) = tembung kang gunane kanggo nyambungke ukara siji lan liyane.
Tuladha: lan,karo, dene, mulane, sebab, lsp
8.      Tembung ancer-ancer (kt depan)= tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri tembung aran, lan mapane ana ngarepe tembung aran lan sifat.
Tuladha: saka, ing, menyang, dhateng, marang, lsp
9.      Tembung panyilah(kt sandang) = tembug kang kanggo nyilahake patrap, barang utawa sawijining barang.
Tuladha: si, sang, para, ingkang, lsp
10.  Tembung panyeru (kt seru) = tembung kang nggambarake wedharing rasa pangrasa (sedhih, kuciwa, seneng, nggumun, lsp)
Tuladha: wah, lha, lho, hah, huh, lsp

Tembung rangkep
1.      Dwi lingga = tembung kang diucapake kaping pindho kabeh linggane
a.       Dwi lingga wantah, tuladha: bocah-bocah, watu-watu, omah-omah, mlaku-maku, gedhe-gedhe, lsp
b.      Dwi lingga salin swara, tuladha: mloka-mlaku, wara-wiri, thingak-thinguk, lsp
c.       Dwi lingga semu, tuladha: untir-untir, kupu-kupu, andheng-andheng, lsp
2.      Dwi purwa = tembung kang dirangkep wandane ngarep
Tuladha: sesambat, jejaluk, sesulih, lsp
3.      Dwi wasana = tembung kng wanda wekasan dirangkep
Tuladha: celuluk,cengenges, bedhudhug, lsp

Tidak ada komentar:

Posting Komentar