Assalamualaikum Wr. Wb
Ingkang kinurmatan bapa kepala desa
kalisari
Para staf saha perangkat desa kalisari
ingkang dahat kinabekten
Para rawuh kakung sumawono putri ingkang
kula hormati
Puji syukur, sumangga
kula lan panjenengan sedaya aturaken dhateng gusti Allah SWT ingkang sampun
kersa paring pepadhanging dunya ingkang kathah manfa’atipun, uga paring
kasarasan., kawilujengan dhateng kula lan panjenengan sedaya.
Maturnuwun dhateng para
tamu ingkang sampun kersa rawuh wonten ing papan menika kangge kempal manunggal
kaliyan kanca, sederek sedaya.
Para rawuh ingkang bagya mulya,
Kula wonten mriki
minangka satunggaling utusan saking dinas kebersihan ligkungan badhe suka
sekedhik informasi tumrap para rawuh babagan bebaya banjir ingkang sakmenika
sampun nyebar. Kitha-kitha ageng wonten ing indonesiya sampun meh sedaya
kenging banjir, boten sekedhik ugi kitha alit ingkang riyin ketingal asri
sakmenikaugi saged kengin banjir. Menapa ingkang dados sebab banjir?
Kula lan panjenengan
sedaya sampun sami ngertos, sami paham. Sebab banjir ingkang kapisan inggih
menika saking sampah rumah tangga. Kathah tiyang ingkang boten eling kaliyan
menapa ingkang dipunlampahaken. Danguning dangu, pawiyatan menika saged dados
kebiasaan mbucal sampah wonten papan ingkang boten trep kadosta wonten lepen.
Sampah ingkang dipunbucal wonten lepen menika saya dangu saya kathah. Menika
ingkang dadosaken toya wonten lepen menika luber lan dadosaken banjir. Pramila,
sumangga kula lan panjenengan sedaya sami sesarengan nglampahaken perkawis
ingkang alit rumiyin kadosta mbucal sampah wonten ing papanipun kangge ngirangi
bebaya banjir ingkang sawanci-wanci saged lumambah dhateng kula lan panjenengan
sami.
Kaping kalih inggih
menika kathah woh-wohan ingkang dipuntegor kanthi liar.
Para rawuh ingkang kula urmati,
Kula kinten cekap
semanten anggen kula matur, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula
nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar