Jinise
tembung:
1. tembung
aran (kata benda) = tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa wae kang
kaanggep barang.
tuladha = kapur, meja, omah, gunung, lsp
2. tembung
kriya (kata kerja) = tembung kang mratelakake solah bawa utawi tandang gawe.
Tuladha: nandur, macul, mbalang, njupuk,
lsp
3. Tembung
sifat (kata sifat) / tembung kaanan = tembung kang mratelakake watak utawa
kahanan sawijining barang/bab.
Tuladha: bagus, dhuwur, tentrem, ayu,
bunder, lsp
4. Tembung
katrangan (kt. Keterangan) = tembung kang aweh katrangan marang tembung liya.
Tuladha: mung, meh, padha, sok-sok, lsp
5. Tembung
sesulih (kt ganti) = tembung kang digunakaken minangka sesulih wong, barang,
utawa apa wae kang dianggep barang.
Tuladha: kowe, dheweke, ku, mu, iki,
kuwi, sapa, ngapa, sing, kang, lsp
6. Tembung
wilangan (kt bilangan) =tembung kang mratelakake gunggunge barang
Tuladha: satus, sithik, setundhun,
sarakit, pirang-pirang, lsp
7. Tembung
panggandheng (kt sambung) = tembung kang gunane kanggo nyambungke ukara siji
lan liyane.
Tuladha: lan,karo, dene, mulane, sebab,
lsp
8. Tembung
ancer-ancer (kt depan)= tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri tembung aran,
lan mapane ana ngarepe tembung aran lan sifat.
Tuladha: saka, ing, menyang, dhateng,
marang, lsp
9. Tembung
panyilah(kt sandang) = tembug kang kanggo nyilahake patrap, barang utawa
sawijining barang.
Tuladha: si, sang, para, ingkang, lsp
10. Tembung
panyeru (kt seru) = tembung kang nggambarake wedharing rasa pangrasa (sedhih,
kuciwa, seneng, nggumun, lsp)
Tuladha: wah, lha, lho, hah, huh, lsp
Tembung
rangkep
1. Dwi
lingga = tembung kang diucapake kaping pindho kabeh linggane
a. Dwi
lingga wantah, tuladha: bocah-bocah, watu-watu, omah-omah, mlaku-maku,
gedhe-gedhe, lsp
b. Dwi
lingga salin swara, tuladha: mloka-mlaku, wara-wiri, thingak-thinguk, lsp
c. Dwi
lingga semu, tuladha: untir-untir, kupu-kupu, andheng-andheng, lsp
2. Dwi
purwa = tembung kang dirangkep wandane ngarep
Tuladha: sesambat, jejaluk, sesulih, lsp
3. Dwi
wasana = tembung kng wanda wekasan dirangkep
Tuladha: celuluk,cengenges, bedhudhug, lsp